Pranataning Grim
Pranataning Grim yaiku pranata ing basawidya kang dikondhangake dening Yākop Grim (Jacob Grimm) ing bukune kang karanan " Deutsche Grammatik" (Paramasatra Dhöyclanth) ing taun 1822 M. Paritêmu iki dudu kang kapisan, ananging wis kalakon baka asithik dening saperangan wong lan dumadi salah sawiji alêsan dumadining babadswarawidya kanggo asinau babagan swarawidya ing basa-basa akuna. Pranataning Grim yaiku kaya mangkene: "Aksara wyañjana Mamahaprana dumadi Maagosa > Masagosa > Masanggarsi." Miturut gambar ing dhuwur saka dhuwur mangisor: 1) Aksara bh dumadi b > p > f 2) Aksara d'h dumadi d > t > t'h 3) Aksara gh dumadi g > k > hw / h Lan uga 4) Aksara gwh dumadi gw > kw > hw Tuladha têtêmbungan saka purwabsawarga Barata Yuropah (Indo-European) mênyang purwabasawarga Jermanig yaiku kaya mangkene: 1) *p > f [ɸ] *pōds > *fōts (Jawa: sikil) Inggris: foot , Frislandh Kulon: foet , Dhöyclanth: Fuß , Guthà: fōtus...