Pranataning Grim
Pranataning Grim yaiku pranata ing basawidya kang dikondhangake dening Yākop Grim (Jacob Grimm) ing bukune kang karanan "Deutsche Grammatik" (Paramasatra Dhöyclanth) ing taun 1822 M. Paritêmu iki dudu kang kapisan, ananging wis kalakon baka asithik dening saperangan wong lan dumadi salah sawiji alêsan dumadining babadswarawidya kanggo asinau babagan swarawidya ing basa-basa akuna.
Pranataning Grim yaiku kaya mangkene:
"Aksara wyañjana Mamahaprana dumadi Maagosa > Masagosa > Masanggarsi."
Miturut gambar ing dhuwur saka dhuwur mangisor:
1) Aksara bh dumadi b > p > f
2) Aksara d'h dumadi d > t > t'h
3) Aksara gh dumadi g > k > hw / h
Lan uga
4) Aksara gwh dumadi gw > kw > hw
Tuladha têtêmbungan saka purwabsawarga Barata Yuropah (Indo-European) mênyang purwabasawarga Jermanig yaiku kaya mangkene:
1) *p > f [ɸ]
*pōds > *fōts (Jawa: sikil)
Inggris: foot, Frislandh Kulon: foet, Dhöyclanth: Fuß, Guthà: fōtus, Īsthlanth, Fœryar: fótur, Thænmag: fod, Norgê, Sveriyê: fot
2) *t > þ [θ]
*tréyes > *þrīz (Jawa: têlu)
Inggris: three, Frisland Kuna: thrē, Sæksên Kuna: thrīe, Guthà: þreis, Īsthlanth: þrír
3) *k > h [x]
*ḱwón- ~ *ḱun- > *hundaz (Jawa: asu)
Inggris: hound, Nedhêrlanth: hond, Dhöyclanth: Hund, Guthà: hunds, Īstlanth, Fœryar: hundur, Thænmag, Norgê, Sveriyê: hund
4) *kʷ > hw [xʷ]
*kʷód > *hwat (Jawa: apa)
Inggris: what, Guthà: ƕa("hwa"), Īsthlanth: hvað, Fœryar: hvat, Thænmag: hvad, Norgê:hva
5) *b > p [p]
*h₂ébōl > *aplaz (Jawa: apêl, woh apêl)
Inggris: apple, Frislandh: apel, Nedhêrlanth: appel, Ìsthlanth: epli, Sveriyê: äpple, Guthà Krimeyà: apel
6) *d > t [t]
*déḱm̥t > *tehun (Jawa: sapuluh)
Inggris: ten, Nedhêrlanth: tien, Guthà: taíhun, Īsthlanth: tíu, Fœryar: tíggju, Thænmag, Norgê: ti, Sveriyê: tio
7) *g > k [k]
*gel- > *kaldaz (Jawa: maadhêm, maanyêp)
Inggris: cold, Frislandh Kulon: kâld, Nedhêrlanth: koud, Dhöyclanth: kalt, Īsthlanth, Fœryar: kaldur, Thænmag: kold, Norgê: kald, Sveriyê: kall
8) *gw > kw
*gʷih₃wós > *kwi(k)waz (Jawa: maurip)
Inggris: quick, Frislandh Kulon: kwik, kwyk, Nedhêrlanth: kwiek, Dhöyclanth: keck, Guthà: qius, Īsthlanth, Fœryar: kvikur, Thænmag: kvik, Sveriyê: kvick, Norgê: kvikk
9) *bh > b
*bʰréh₂tēr > *brōþēr (Jawa: sadulur lanang)
Inggris: brother, Frislandh Kuna, Medhêrlanth: broeder, Dhöyclanth: Bruder, Guthà: broþar, Īsthlanth, Fœryar: bróðir, Thænmag, Norgê, Sveriyê: broder
10) *dh > d
*médʰu > *meduz (Jawa: madu)
Inggris: mead, Frislandh Wetan: meede, Nedhêrlanth: mede, Dhöyclanth: Met, Thænmag, Norgê: mjød, Īsthlanth: mjöður , Sveriye: mjöd
11) *gh > g
*steygʰ- > *stīganą (Jawa: lumaku, añjangkah, umunggah, amenek)
Inggris Kuna: stīgan, Nedhêrlanth: stijgen, Dhöyclanth: steigen, Īsthlanth, Fœryar: stíga, Thænmag, Norgê: stige, Guthà: steigan
12) *gh2 > g
*ǵʰans- > *gans- (Jawa: banyak)
Inggris: goose, Frislandh Kulon: goes, guos, Nedhêrlanth: gans, Dhöyclanth: Gans, Īsthlanth: gæs, Fœryar: gás, Thænmag, Norgê, Sveriyê: gås
13) *gwh > *gw
*sengʷʰ- > *singwaną (Jawa: angidung)
Inggris: sing, Frislandh Kulon: sjonge, Nedhêrlanth: zingen, Dhöyclanth: singen, Guthà: siggwan, Īsthlanth Kuna: syngva, syngja, Īsthlanth, Fœryar: syngja, Sveriyê: sjunga, Thænmag: synge, sjunge
Aksara Wyañjana liyane:
1) *sp
Latin: spuere (Jawa: angêtokake, anyuntak)
Inggris: spew, Frislandh Kulon: spije, Nedêrlanth: spuwen, Dhöyclanth: speien, Thænmag, Norgê, Sveriyê: spy, Īsthlanth: spýja, Fœryar: spýggja, Guthà: speiwan
2) *st
Latin: stāre (Jawa: lintang)
Inggris: stand, Īsthlanth, Fœryar, Norgê: standa, Guthà: standan; Frieslandh Kulon: stean, Nedêrlanth: staan, Dhöyclanth: stehen, Thænmag, Sveriyê: stå
3) *sk
Lyìèthùvà: skurdus (Jawa: acêndhak, acêndhek)
Inggris: short, Dhöyclanth Dhuwur Kuna: scurz, Īstlanth: skorta
4) *skw
Eryê: scéal (Jawa: anyêneni)
Inggris: scold, Isthlanth: skáld, Norgê: skald; Frislandh Kulon: skelle, Nedêrlanth: schelden, Dhöyclanth: schelten
5) *pt > *ft
Ellas Kuna: κλέπτης (kleptēs) (Jawa: maling)
Gutà: hliftus
6) *tt > *tt
Latin: atta (Jawa: bapak)
Dhöyclandh Dhuwur Kuna: atto, Gutà: atta
7) *kt > *ht
Latin: octō (Jawa: wolu)
Inggris: eight, Frislandh Kulon, Nedêrlanth, Dhöyclanth: acht, Gutà: ahtáu, Īsthlanth: átta
8) *kwt > *ht
Latin: nox, noct- (Jawa: wêngi)
Inggris: night, Frislandh Kulon, Nedhêrlanth, Dhöyclanth: Nacht, Guthà: nahts, Īsthlanth: nótt
Sihsaur antaraning basawarga Jermanig mênyang basawarga Barata Yuropah yaiku kaya mangkene:
1) Aksara wyañjana B Jermanig masihsaur karo aksara F ing basa Latin *f-, aksara PH ing basa Ellas Greek pʰ-, aksara BH ing basa Sangsêkrêta, sarta aksara B ing basawarga Slavig, Baltig, lan Keltig.
2) Aksara wyañjana F Jermanig masihsaur karo aksara P ing basa Latin, Ellas, Sangsêkrêta, basawarga Slavig, lan basawarga Baltig sarta aksara swara ing Celtic.
3) Aksara wyañjana WH ing basa Inggris utamane ing ukara pitakon masihsaur karo aksara QU ing basa Latin.
[Yen maana têtêmbungan kang durunh mangrêti, sumangga ditakonake ing kene utawa ing Twitter. Maturnuwun]
Comments
Post a Comment