Basawarga


Basawarga utawa kulawarganing basa iku dumadi cara pinglumpuking basa miturut padha lan orane. Saka kene, basa bisa disawang pipadhane lan uga bisa digoleki yen wiwitane basa mau padha karo basa liyane apa maora.

Basawarga ing donya maana akeh. Maana basawarga Barata Yuropah kaya ing dhuwur, basawarga Cina Tibet, basawarga Awsthronesiyà kang dumadi kulawarga kanggo bass Jawa, lan sapanunggalane.

Kaya mangkono, dumadi alumrah yen ing tuliskara-tuliskara babagan basawidya bañjur katulis basawarganing sawiji basa.


Indo-European

Proto-Indo-European



Ing dhuwur iki bisa kasawang urut-urutan basawarganing basa Inggris. Saka basawarga Barata Yuropah (Indo-European) nganti ing Angglig (Anglic) dumadi paklumlukan ing êndi basa Inggris kapapan. Pinglumpuk kang kaya mangkene iki dumadi, kagawe, lan kawaca kanthi wiwitane ora saka dhuwur mangisor. Ananging, saka isor mandhuwur. Amarga, anglumpukake basa saka iku saka basa kang acêdhak yaiku saka kiwa lan têngene dhisik. Samsaya asuwe, bañjur ambleber samsaya maadoh lan maadoh. Saadoh-adohe basa iku bisa kasawang prakêmbang lan pranata babagan piowahe kanthi atêtêg lan ora maawur-awuran, basa iku mau bakal kawuwuhake ing basawarga kang wis maana mau lan bleberaning basawarga mau banjur umundhak jêmbare.

Ing basawarga mau dhewe uga maana wujud-wujuding basa miturut jamane. Basa kang kawitan yaiku purwabasa kayata Purwabasawarga Barata Yuropah (Proto Indo-European) nganti purwabasa Inggris (Proto English). Bañjur maana basa jaman atêngahan yaiku madyabasa kayata madyabasa Inggris (Middle English). Lan basa ing jaman maanyar kalêbu ing jaman saiki yaiku nawabasa kayata nawabasa Inggris awiwitan (Early Modern English).

Urutan basa kang kaya mangkene dumadi pidhasar kanggo umudhêng babagan basawidya lan kapriye basa iku kawiwitan, kaklumpukake, lan agathuk karo basa liyane. Saka kene uga carabasa-carabasa kang samsaya maadoh lan dumadi basa kang abeda lan maanyar bisa kasawang ing wayah saiki lan ing wayah sangarêp.

[Yen maana têtêmbungan kang durung umudhêng bisa ditakonake ing kene utawa ing Twitter. Maturnuwun]

Comments

Popular posts from this blog

Pranataning Grim

Têmutêmbung Basa Jawa Bali